sislatandu

Minggu, 04 November 2012

Dopokan 1: DONGENG MESINJAIT

Para sedulur, mangga sami dopokan sing saged nambah wawasan spesiale kangge nambahi sangu ketrampilan wonten ing babagan jait-jaitan. Enggane sangalam ndonya babar blas boten onten sing saged njait siji-sjia, napa kedadosanipun? Mestine nggih boten onten kathok-klambi nggiih??? he-he-he..., patut be ora..., nuwun sewune pada ora klamben malah pada ora katohokan..., dele-dele wong lanang sami gobal-gabel, wong wadon sami minthal-minthul...., ha-ha-ha...Lha niki teng mriki, nembe kraos jasa manfangate para tukang jait...

Ning tujune-tujune.., tukang jait sampun onten kawit jaman gemiyen, kit jaman kuna makuna sampun onten tukang jait, mulane sedaya menungsa sami klamben kathokan, kahanan sing diaturaken teng nginggil wau dereng nate kedadosan. Kados pundi carane njait jaman gemiyen, napa sami kados carane njait jaman seniki? Amrih gamblang jelase, mangga di-play gambar-urip teng ngandhap niki.




Para sedulur ampun sami kuwatos, ketrampilan jait-jaitan tetep dibetahaken masyarakat kawit jaman gemiyen, jaman semana, jaman seniki malah ngantos jaman mbenjang... Mulane sing sami madhep mantep anggenipun dados PENJAHIT, ampun ngantos malik dadi PENJAHAT nggih mas...

Lha niki putu kula kepengin nderek ngamen, di mat-aken pesenan-pesenane, mangga...


Mumpung tesih teng Kebumen, mangga sami mrisani Ebleg saking desa Karangsari Kecamatan Sruweng Kabupaten Kebumen sing mbleketaket ...


Maturnuwun rawuhipun, ngantos pinanggih malih sanes wekdal...
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar